Jumat, 17 Januari 2020

AKSARA JAWA

AKSARA JAWA


1.Surat dhasar (Naskah Nglegena) Aksara Nglegena minangka paraga inti sing dumadi saka 20 suku kata utawa umume disebut Dentawiyanjana, yaiku: ha, na, ca, ra, ka, da, ta, sa, wa, la, pa, dha, ja, ya, ya, ma, ga, ba, tha, nga

Hasil gambar untuk AKSARA JAWA

2. Surat Pair (Surat Surat) Saperangan huruf digunakake kanggo nyuda aksara swara konsonan ing ngarepe. Contone, kanggo nulis sega mangan (mangan beras) pasangan kudu "se" supaya "n" ing mangan ora nggawe swara. Tanpa anané pasangan kasebut, tulisan bakal maca mangan mangan. Ing ngisor iki minangka dhaptar Script Kupon:

3. Surat Utama (Skrip Murda) Skrip Murda sing digunakake kanggo nulis wiwitan ukara lan tembung sing nuduhake jeneng wong, judhul, kutha, institusi, lan jeneng liyane sing ing Indonesia kita nggunakake huruf kapital. Mangkene Tulisan Murda lan Kurda Murda:

4. Ing wektu iki, sejatine bisa dicoba langsung lan biasane dianggep sah tanpa ditambahake karakter liyane (kaya sing dak tulis ing ngisor iki). Amarga Rada Riweuh mbesuk uga sinau mau. 4. Vokal Mandiri (Naskah Swara) Aksara Swara yaiku aksara swara utawa vokal utama: A, I, U, E, O ing ukara. Biasane digunakake ing wiwitan ukara utawa kanggo jeneng kanthi ater-ater vokal sing mbutuhake huruf kapital.

5. Sumpah ora mandiri (Sandhangan) Beda karo Skrip Swara, Sandangan digunakake kanggo aksara vokal sing ana ing tengah tembung, dibedakake kalebu adhedhasar kepiye diwaca.

6. Huruf tambahan (Partner Kasusastran) huruf mitra yaiku serat sing asale saka panyerepan basa asing, yaiku: kh, f, dz, gh, z

7. Punctuasi (Pratandha) Ing nulis ukara ing aksara Jawa, uga prelu nglebokake bantal, sing beda-beda digunakake.

Sumber: http://dududth.blogspot.com/2012/08/learn-kara-jawa-that-forget.html
Materi  Bahasa Jawa kelas X  Pranatacara

A. Maca lan Nanggepi Teks Pranatacara

Assalamualaikum Wr.Wb.
     Dhumateng panjenenganipun para pepunden, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.
     Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan. 
   ...
    Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilh titi laksana ijab kobul putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu Fitri Kusuma putra putrinipun bapa joko susena ingkang kadhaupaken kaliyan bagus ganes Sri Narendra putra kakungipun bapa agus dahlan ingkang wonten sekayu semarang, sampun keleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda duk nalika dinten selasa, 29 Maret 2016 wanci tabuh 09.00 mapan ing sekayu .

   Paratamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
 1. Binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit saking sasaba busana
2. Purnaning tata upacara sowanipun pinanganten
3. Atur pambagya yuwana saking hamengku karsa

B. Nemokake Isi Pokok Teks Pranatacara 
Isi teks pranatacara ing nduwur yaiku
1. Teks pranatacara kasebut ngandharake titi laksana ijab kobul
2. Acara binuka kanthi sowane temanten sarimbit, waosan kalamullah atur pambagya hamengku karsa, pasrah, sabdatama, lan para para.

C. Mbedhah Kaidah Pranatacara
Urut-urutane teks pranatacara
1. Salam pambuka
2. Atur pamuji.
3. Atur kasugengan, kairingan atur panuwun
4. Wedharing gati.
5. Atur nyuwun pangapura.
6. Panutup.
7. Salam panutup.

D. Maca Teks Pranatacara
Supaya anggone maca teks pranatacara gampang dimangerti kudu nggatekake babagan ing ngisor iki.
1. Pangucapane kang trep
2. Pamedhote ukara kang trep
3. Intonasi nara lan tekanan kang trep
4. Mangerteni tandha wacan kanthu trep
5. Swara kang cetha
6. Ngatut alon lan cepete pamaca
7. Ngolah treping mlebuup wetuning napas
8. Mahami wacan
9. Pracaya marang diri pribadi

E. Kawruh kagunan Basa
Tembung yogaswara
Tembung yogaswara, yaiku tembung kang tulisan apadene pakecapane meh padha, dianggo bebarengan lan nduweni teges lanang wadon.

F. Tembung Entar
Entar tegese silihan; yaiku tembung kang nduweni teges ora salugune. Tembung entar nduweni isi kang geseh tetembungane
(gadhah teges kiyas)

G. Rura Basa 
Rura asale saka tembung rurah kang tegese rusak utawa bubrah. Rura basa iku basa kang rusak utawa bubrah. Amarga ora ketemu nalar. Rura basa kang salah ning wiskabacut lumrah

H. Panyandra 
 Panyandra asale saka tembung candra, kang nduwe teges wetunan kaanan wewujudan sarana pepindahan. 

I. pepindhan 
Pepindhan iku tetembungan kang ngemu isi irib-iriban utawa emper-emperan. Padha karo kekarepan karo kaya, kadi, lir, pindah

 SUMBER Gegaran Nyinau Basa Jawa 

GEGURITAN

Pangertene Geguritan

Geguritan yaiku puisi jawa anyar kang ora kaiket dening paugeran tertemtu.

Titikane Geguritan
1. Ora kawengku ing pathokan
2. Nggunakake tembung kang pinilih
3. Ora nggunakake basa padinan lan arang nggunakake tembung pangiket
4. Migunakake purwakanthi sastra, swara lan basa
5. Isine mentes

Unsur-unsur geguritan
Unsur Intrinsik
1. Tema/ Liding Cerita : gagasan pokok kang disuguhake dening panganggit.

2. Pamiling tembung/diksi :  pilihan tembung kang trep/mathuk kango geguritan.

3. Lelewaning basa/gaya bahasa : mbudidayane panganggit kanthi milih tembung-tembung kang dironce kanti endah saenggo ngasilake ukara kang ngandut lelewaning basa.

Tuladha lelawaning basa :
a. Personifikasi : ngumpamakake barang kaya tumindake manungsa
tuladha : Serngenge iku ngguyu mesem marang sliramu.

b. Metafora : mbandingake barang marang barang liyane kang sipate pada.
tuladha : Sulastri kui kembang desa ing Telagareja.

d. Repetisi : penganggit kepingin nuduhke maksude ing geguritan kanthi mbolan-mbaleni tembung.
tuladha : Aku wis ngomong yen aku ora ngapusi, aku ora mblenjani.

4. Citraan/imajinasi : gambaran angen-angen/imajinasi penganggit kang diwujudake kanti indra.

5. Latar : nggambarake papan, swasana, wektu kangge narik kawigaten.

6. Pesen/amanat : pesen, nasihat, utawa piwulang becik kang diwedharake penganggit lumantar geguritan.

Unsur Ekstrinsik
1. Biografi : latar belakang/ riwayat uripe penulis
2. Nilai ing sajerone crita : kayata ekonomi, politik, sosial, adat-istiadat, budaya, lan sapanunggalane.
3. Kemasyarakatan : kahanan sosial nalika geguritan ditulis.


Sumber: synaoo.com
Cerita rakyat 

Cerita rakyat yaiku crita kang diceritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradisi ing masyarakat. Cerita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan,ana ing sajroning kumpulan,utawa pinangka crita pamancing impen,lan sapiturute.  Crita rakyat bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah. Cerita rakya duwe unsur-unsur pambangun ,kayata tema,tokoh utawa penokohan ,latar (setting),alur (plot),sudhut pandhang,lan amanat .


• Titikane crita rakyat 
   a. Penyabarane kanthi lesan
   b. Duweni sipat tradisional
   c. Sugih cakrik lan variasi
   d. Jenenge pangriptane ora konangan
   e. Wangune tiron

• Mupangate crita rakyat yaiku:
  a. Mupangat kreatif yaiku menehi rasa tentrem,seneng menehi hiburan
  b. Mupangat dedaktif yaiku ndidik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran
  c. Mupangat estetis yaiku menehi nilai- nilai kaendahan
  d. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai- nilai moral
  e. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha sng apik

• Unsur cerita
  a. Tema : ide pokok utawa permasalahan ing sajroning crita
  b. Latar : papan panggonan
  c. Paraga : paraga ing sajroning crita
  d. Alur : urut- urutane prastawa ing crita
  e. Amanat : pesen kang ana ing crita
  f. Sudut pandhang : nyritakake tokoh,barang,papan,lan sapanunggale

• wujude crita rakyat miturut William R. Bascom ana telu golongan yaiku mitos,legendha lan dongeng

• sinopsis
 Yaiku kesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe nalika bakal nulis sinopsis.


Sumber: gegaran nyinau basa jawa 2 kelas XI


Senin, 13 Januari 2020

          Pendhidhikan moral 
Perangane serat wedhatama kang pungkasa,anggitane KGPAA mangkunegara IV yaiku pupuh kinanthi. Ing wulangan iku pupuh kinanthi mengko arep didhudhah banjur dighatuk-ghatukake karo kahanane bangsa indonesia ing jaman saiki. Tembung kinanthi iku saka tembung kanthi oleh seselan in. Seselan in iki tegese padha karo ater-ater di-. Dadi,kinanthi tegese dikanthi,dituntun,digandheng,utawa diarahke.

         A. Maca, nanggepi lan nitik guru gatra,guru wilangan teks Serat Wedhatama pupuh kinanthi
       


~ Pupuh kinanthi ing serat wedhatama ngemot     tembang cacahe 19 pada (bait). Sepada tembang kinanthi kiwa iki kawiwitan saka tembung marma tekan tembung utami.
~ Guru gatra saben sepada tembang kinanthi ana 6 gatra utawa larik 
~ Guru lagune tembang kinanthi yaiku: u,i,a,i,a, lan i.
~ Guru wilangan tembang kinanthi iku: 8,8,8,8 8,lan 8
~ Supaya gampang dieling-eling,guru wilangan lan guru lagune tembang kinanthi, biasane ditulis: 8u,8i,8a,8i,8a,lan 8i

             B. Mbedah perengane Serat Wedhatama pupuh kinanthi

Kaya kan diandharake ing nduwur ,tembang kinanthi iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra cacahe enem gatra. Aturan iku geguyutan karo guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Jlentrehe kaya andharan ing ngisor iki .


C. Ngarang  cakepan tembang kinanthi

Ngarang tembang kinanthi iku kudu manut aturane kang gumathok. Aturan kang gumathok iku kaya kang disebutake ing nduwur,yaiku guru gatra,guru wilangan, guru lagu. Supaya bisa nulis cakepan tembang kinanthi. Cara-cara iku bisa kanthi tetimbangan purwakanthi swara,purwakanthi sastra,yogyaswara,lan sapanunggale.

Tuladaha:

Sumber: gegaran nyinau bahasa jawa kelas XII